turis kaget

Alkisah ono wong turis soko Arab lagi liburan menyang Indonesia. Si Turis arab nyewo mobil sak supire kanggo jalan-jalan keliling kota. Ora nyono ora dikiro, sing disewo yo iku mobile Paidin, tur yo Paidin dhewe sing nyupiri. Senajan Paidin wong Jowo tulen, nanging ngerti percakapan bahasa Arab senajan sitik, amergo biyen Paidin lulusan pesantren paling jegheg ono tanah Jowo. La ceritane dimulai soko kini, Paidin nyupiri mobile, si Turis Arab lunggoh ono jok mburi. Pas enak-enak meluncur, dumadak ono pick-up ngebut, huwenggggg....!!, Si Turis Arab otomatis kaget sinambi mbengok: "Astaghfirullah...., Ustuhiad ! ustuhiad !" Ora suwe, ono Truk nyalip kiwo karo ngebel, tin tiiiiiiin....!!, si Turis Arab kaget maneh sinambi nyebut: "Subhanallah...., ihsibutsim ! ihsibutsim ! Dumadak nyusul sedan ireng nyalip buanter banget, si Turis Arab nyebut maneh mergo gawok: "Ya Allah...., ikuzus.. ikuzus.." Suwene suwe Paidin penasaran sarwo mbatin ing atine "jane wirid opo tho sing di woco Turis Arab kuwi, saumpomo kuwi bahasa Arab kudune aku ngerti artine, tapi kok aneh ya". Akhire Paidin wani ra wani mekso takon marang turis Arab nganggo bahasa arab pas-pasan, sing artine koyo ing ngisor iki: Paidin: Pak turis Arab, jane kowe ki moco dzikir opo tho... kok aku ora ngerti artine..? Turis Arab: Eh... sopo sing dzikir? La wong aku mung moco tulisan-tulisan sing ono ing mburine mobil kuwi kok. Bakne Si Turis Arab moco tulisan soko tengen nang kiwo koyo dheweke moco tulisan arab. Paidin mikir, owalah ustuhiad kuwi maksute Daihatsu, Ihsibutsim kuwi Mitsubishi, Ikuzus kuwi Suzuki. hwahahahaha!!!!

Komentar

Postingan populer dari blog ini

komik doraemon episode terakhir

Macam-macam Alat Bantu Fotografi dan Gambarnya